Ing sawijining dina mbah Toguno lagi bingung golek ramban
pakan wedus. Wektu kui pancen mongso ketiga alias usum terang, dadine golek
ramban yo angel banget. Mbah Toguno banjur golek ramban sak cethuke , enenge
mung godong pring lan godong kambil. Godong kuwi mau banjur di rah di taleni
terus digowo mulih.
Sakwise teko ngomah, ramban kui mau dipakakke weduse. Weduse
lumayan akeh, eneng 5 lanang wedok.
Wayah wengi weduse bengak – bengok mergo
kurang pakane kui mau. Saking serune tonggo teparo grebeken kero suworo weduse.
Wong – wong pada protes karo suwara weduse mbah Toguno.
Mbah Toguno banjur metu ko ngomah, jelasne menowo weduse
kurang pakan marang wong – wong sing protes ning ngomae. Wong – wong banjur
mulih sebab wes dijelasne mbah Toguno lan mbah Toguno janji bakal menengne
weduse.
Mbah toguno terus menyang kandang wedus. Weduse tisabeti
supaya meneng, nanging panggah wae ora meneng – meneng malah tambah bengok –
bengok. Mbah Toguno soyo srememet alias emosi. Deweke due ide kanggo menengne
weduse. Mbah Toguno banjur golek tali, dilalah nemu tali karet sing maeng awan
digae naleni ramban ning sepeda pancale.
Wedus sing bengok – bengok kui maeng banjur di taleni. Let ora
suwe weduse meneng klakep. Mbah Toguno marem banjur turu. Let ora sui krungu
suwara azdan subuh. Mbah Toguno tangi terus age – age ngongak weduse. Mbah
Toguno kaget weruh weduse podo nglempang ning kandang. Weduse tideloki siji –
siji. “ wedusku mati “ mbah toguno mbengok seru. Tonggo teparo pada teko lan
weruh weduse mbah Toguno pada mati. Goro
–goro tali weduse mbah toguno mati sebab sing di talengi pas congore alias
cangkeme alias mulut te wedus. Hedeeeeeeeeeh.

Post a Comment