" mbah , mbah mengko mancinge sampean iso ngolehne iwak, arepe tak ulu iwakke " kandane Pono sinambi nantang mbah Paijo sing arepe macing ning kali.
Mbah Paijo demen banget krungu janjine Pono, mikire mbah Paijo umpama deweke oleh iwak bakal tiulu entah karo Pono.
" oke No Pono, janji lo kok ulu tenan ya "
Mbah Paijo banjur budal macing nyang kali sing ora adoh karo omahe. Gawe banih laron, mbah Paijo semangat tenan. Let ra sui pancinge mbah Paijo krasa tisendal iwak.
Mbah Paijo banjur budal macing nyang kali sing ora adoh karo omahe. Gawe banih laron, mbah Paijo semangat tenan. Let ra sui pancinge mbah Paijo krasa tisendal iwak.
" horeeee aku oleh iwak lele " mbah Paijo jan bungah banget oleh iwak lele , deweke mikir pono bakal mutah - mutah ngulu iwak iki.
" No Pono, aku oleh iwak kilo, janjimu ojo lali " mbah Paijo bengak - bengok goleki Pono.
Pono banjur metu sak omahe.
" endi mbah iwake, kene tak ulu ne "
" endi mbah iwake, kene tak ulu ne "
Pono banjur ngerah ulu sing ning sikile. " iki mbah wes tak ulu " kandane Pono.
" weh, karepmu piye, apa ra kok pangan ? " pitakone mbah Paijo.
" sapa sing omong arep mangan, kan omongmu arep tak ulu, la kui wes tak ulu " Pono sajak mesem guyu isa ngakali mbah Paijo.
" jancuk tenan we ki No Pono " mbah Paijo ngalih karo mbanting iwake.
Post a Comment