Bremmm breemmmm suarane motor sing titumpaki mbah Paijo krungu teka adohan. Mbah Paijo iki mau boncengan karo Pono. Mbah Paijo sing ning ngarep dadine deweke nyetir motor kui mau.
" No Pono , piye nyetirku penak to ? " pitakone mbah Paijo
" penak banget mbah , kaya numpak jaran mabuk " saurane Pono
Wektu saya sore nanging mbah Paijo karo Pono panggah wae mlaku - mlaku numpak motor kui mau.
" ayo gek balik mulih No , wes sore iki "
" ayo mbah "
Mbah Paijo banjur ngarahake motore nuju dalan mulih. Ngliwati dalan tengah sawah wektune wes saya surup dilalah lampu motore mbah Paijo ora padang pisan.
" aduuhh, mripatku pedes kenek opo iki ? " mbah Paijo kenek masalah
" ana apa mbah ? " pitakone Pono
" Aduh iki, mripatku kenek samber mata , perih banget " mbah Paijo ketoke kenek samber mata nanging deweke panggah nyetir.
" anu mbah, meremmo mbah ben ora kenek samber mata " kandane Pono.
>>> Baca Juga :
Apa sing dikandakne Pono mau tilakoni mbah Paijo dadine mbah Paijo nyetir karo merem nyebabpake mbah Paijo ora weruh dalan.
" gubraaaak, aduhhh, jangkriiik " mbah Paijo karo Pono ketok tumpuk undung motore njetatar ning dalan mergo nabrak pal batas pinggir sawah.
" No Pono kowe ki goblok , nyapa aku kok kon merem , ngene iki lo dadine, nabrak Pal " mangkene suarane mbah Paijo sajake nyalahne Pono.
.... wahahaha pancene sampean kabeh podo wae pekok e , sing sabar wae ....

Post a Comment