Bojone mbah Paijo iki mau kesurupan. Jerit - jerit, nggereng - nggereng karo nangis. Mbah Paijo gupuh mlayu rana mlayu rene. Banjur mbah Paijo dikongkon golek dukun kanggo nambani bojone.
Mbah Paijo age - age numpak motore marani dukun rada bingung arepe golek dukun, banjur mbah Paijo takon marang salah sijine wong sing lewat ning dalan.
![]() |
| FOTO BY GOOGLE |
" dhe makdhe kene ki omahe dukun kui sih ngendi ? " pitakone mbah Paijo
" owh kae lo cedak prapatan , jenenge mbah Yat " kandane wong kui mau.
" matur suwun ya dhe " . Mbah Paijo numpak motore maneh tanpa takon dukun kui mau dukun apa.
Kira - kira setengah jam suwene mbah Paijo teka ngomahe karo gawa dukun.
" kae mbah bojoku ning jero kamar ". Mbah Paijo ndudohake panggonane bojone.
" kene kene mapan " dukun kui mau banjur nata bojone mbah Paijo.
" ayo saiki ngeden , ambekan sing gedi sik " .
>>> Baca Juga
Dukun kui mau banjur grayaki wetenge bojone mbah Paijo.
" mbah , mbah Paijo bojomu iki sajake ora meteng " kandane dukun kui mau.
" ladalah, sampean kui ki dukun bayi to ? bojoku kui kesurupan , ora meteng ! " kandane mbah Paijo.
.... Ladalah mbah, wayahe sampean gawa dukun cabul wae , hadeeeh ....

Post a Comment