Mbah Paijo Gelem Puasa
Mbah Paijo iki dina nglakoni pasa romadhon, deweke ora mangan uga ora ngombe kaya wong - wong liyane. Mbah Paijo kenek diarani wong ora tau pasa. Akeh sing gumun menawa tahun iki deweke nglakoni pasa.
" mbah sampean sak iki kok gelem pasa, nyangopo mbah ? pitakone putene mbah Paijo. " anu le aku saiki eling umur, aku pengen brubah, pengen sinau dadi wong ngerti agama ' mangkene saurane mbah paijo. Putune ketara marem krungu omongane mbah paijo sebabpe mbah Paijo wes gelem sinau pasa.
Wes 5 dina mbah Paijo pasa nganti tutuk tekan magrib. Mbah Paijo ora ngira menawa deweke kuat pasa. Saking mareme mbah Paijo kuat pasa, deweke banjur crita - crita menyang kanca - kancane.
Kanca - kancane sing dicritani mau banjur pengen mbuktekne apa bener omongane mbah Paijo. Meneng - menengan kanca ne mbah Paijo goleki mbah Paijo. Kancane apal biasane mbah Paijo kui ngeses ana ing sor papringan cedak kali.
" hayoooooo, nyangapa kowe ki Jo Paijo ". Mbah Paijo kaget krungu suara buanter sing jebule suarane kancane, saking kagete mbah Paijo nganti nguncalne barang sing digawa ning tangane. " opo sing kok uncalne kui Jo " pitakone kancane marang mbah Paijo.
" anu, anu kui rokok "
" jarene pasa lakok rokok an ?"
Karo rodok mikir mbah Paijo jawab :
" kan sing ra oleh mangan karo ngombe , mestine rokok an lakyo ora apa - apa "
" bener Jo bener, kui bener mu dewe "

Post a Comment