Mbah Paijo sekujur awake pada abuh, ketok benjut lan ngeluh lara. Kedadeane ngene :
| *) GUNUNG GEMBLUNG KEC. DURENAN KAB. TRENGGALEK , JAWA TIMUR |
Nalika awan - awan mbah Paijo mlaku menyang omahe Pono. Tujuane pengen ngajak Pono mancing ning kali. Sakwise mlaku kira - kira 2 km, mbah Paijo ketemu Pono ning tengah dalan.
" No Pono ayo mancing ? "
"Emoh mbah, aku males aku arep leren "
" ayo to No , tak tukokne rokok "
" diomongi emoh yo emoh mbah "
"Emoh mbah, aku males aku arep leren "
" ayo to No , tak tukokne rokok "
" diomongi emoh yo emoh mbah "
Mbah Paijo lan Pono udur - uduran. Mbah Paijo sajake nesu mergane Pono ora gelem diajak mancing.
Mbah Paijo banjur nyaduk watu sing gletak ning dalan ( pokoe koyo ning film ngono kae ).
Watu kumau banjur mlesat cuuussss koyo pesawat.
Mbah Paijo banjur nyaduk watu sing gletak ning dalan ( pokoe koyo ning film ngono kae ).
Watu kumau banjur mlesat cuuussss koyo pesawat.
" aduuuh , jiangkrik sapa iki mbandem watu "
Jebule watu kui mau ngeneki sirahe salah sijine preman sing cangkruan ning pinggir ratan.
Jebule watu kui mau ngeneki sirahe salah sijine preman sing cangkruan ning pinggir ratan.
" waduh ngeneki preman watu sing tak saduk kae mau " mangkene gunemane mbah Paijo.
" hoee mbah kowe sing mbandem watu kae mau ? " pitakone salah siji preman.
Mbah Paijo banjur mlayu banter.
" ojo mlayu mbah " . Preman kui mau banjur mburu mbah Paijo. Kabeh jumlahe preman kui ana 5 dadine candak mburu mbah Paijo.
Bareng candak, mbah Paijo tijotosi sampek ampun - ampun. " aku ora sengaja kae mau , sumpah " mbah Paijo jelasne marang preman kui.
" aku biyen yo preman loo " kandane mbah Paijo.
" apa buktine ? " preman kui sajak rapercaya
" iki aku ya due tato " mbah Paijo dudohake tanda ning tangane.
" kui ki koreng mbah "
Akhire mbah Paijo diculne merga preman kui isin weruh korenge mbah Paijo.
.... Owalah mbah , ojo gawe perkara wae ....
Post a Comment