Ing sawijining dina Mbah Paijo mangkel karo putune sebab putune nalikane ulangan oleh nilai elek - elek. Wingi awan mbah Paijo weruh menawa nilai putune sing jenenge Bejo akeh nilai 5 ne. Mbah Paijo banjur ngandani putune supaya gelem sinau.
" le tole Bejo jajale to sinau ben koyo kanca - kancamu kae" kandane mbah Paijo karo gowo sego kanggo pakan pitik e ning mburitan. Bejo banjur mangsuli kandane mbah Paijo. " kulo pun sinau lo Mbah, pancen pelajarane sakniki rodok angel mbah Bedho kya biyen ".
Mbah Paijo karo makani pitik kondo maneh marang Bejo " Nyatane kancamu nilai ne apik - apik berarti sinaumu kurang, jajal ojo ndilok tipi wae "
Suwe - suwe Bejo Gremeten merga diceramai terus karo mbah Paijo. Deweke mlebu omah jupuk buku terus sinau ning cedake mbah Paijo.
" Yo ngono kui sinau ngono lo " omongane mbah Paijo bareng weruh Bejo lagi sinau.
" mbah, mbah sampean kok ra koyo kanca - kancamu mbah " takono Bejo menyang mbah Paijo.
" Kancaku ginio to le , la aku kan wes ra sekolah le " jawabe mbah Paijo
" ora ngono lo mbah, la kae kancamu podo Pikun, Sampen kok ra pikun - pikun " mengkene saurane Bejo karo panggah moco buku.
Mbah Paijo nesu adah pakan pitik ditendang karo muni
"dongakno mati pisan ae lee"
Subscribe to:
Post Comments (Atom)

Post a Comment